Selasa, 07 Juli 2026

Bedhaya Ketawang

Administrator
Selasa, 07 Juli 2026 21:49 WIB
Bedhaya Ketawang
Ist
halomedan.com -Bedhaya Ketawang

1. Mijil

Angumandhang dumugi wiyati,
Hari Slasa Kliwon,
Godhong angin meneng anteng kabeh,
Bedhaya Ketawang merbawani,
Mangka beksan suci,
Praja dadya makmur.

2. Asmarandanna

Jeng Ratu Kencanasari,
Tedhak Kraton Surakarta,
Ndherek mbeksa nabuh nyindhen,
Jroning sasana sewaka,
Puja puji kekidungan,
Sakeh hama musna lunga,
Tanah gersang malih subur,
Daya Bedhaya Ketawang.

3. Pangkur

Abdi dalem ngalap berkah,
Lenggah sila mireng suwara langit,
Mbrengengeng pujaning kidung,
Gamelan lokananta,
Ganda arum uba rempe angerurum,
Kondhang Bedhaya Ketawang,
Bangsal paningrat maligi.

4. Kinanthi

Pangastuti saking panggung,
Sangga Buwana mas ing ngasepi,
Sinuwun manungku kayun,
Pepoyan kautaman,
Inggil agung misungsung padesan gunung,
Tumuruning karaharjan,
Panguripan wong sakbumi.

5. Megatruh

Unggul pinunjul Ratu Segara Kidul,
Ngereh dhasar jalanidhi,
Kaswasih raja Matarum,
Pinuju Anggara Kasih,
Rinengga jroning kedhaton.

6. Durma

Panembahan Senapati Ngeksiganda,
Narendra gung Mentawis,
Sakti mandraguna,
Bestari wicaksana,
Walas asik kawula dasih,
Beksan Bedhaya,
Pralampita inganggit.

7. Pucung

Saka Dhomas Bale Kencana pinatut,
Ing dhasar samudra,
Dhatulaya Hadisari,
Sung prebawa narendra gung Surakarta.

8. Gambuh

Uger muncul thukul,
Tandur subur rumambat sempulur,
Ambawani Bedhaya Ketawang yekti,
Gedruk sampar seblak sampur,
Kanugrahan sru gumrojog.

9. Mas Kumambang

Wiwit enjing peksi ngoceh weh pepeling,
Sasmita ajar kawedhar,
Bedhaya Ketawang mardi,
Pangreksaning tanah Jawa.

10. Sinom

Wanci siyang katon padhang,
Sawo kecik sarwa becik,
Jajar jajar trang sumunar,
Dodot sanggul sampur kuning,
Abdi dalem makarti,
Kenong kempul mangungkung,
Kendhang kethuk kemanak,
Cakepan pesindhen aris,
Wicara wiraga wirama wirasa.

11. Dhandhanggula

Mandhegani Ratu Wandhansari,
Waranggana wiyaga Bedhaya,
Solah gendhing bawa sae,
Tabuhan sengkut urut,
Sekar wangi warna sesaji,
Rasamala angganda,
Gaharu ingambu,
Cipta waskitha sembada,
Mahanani awas emut lenging kapti,
Karaton Surakarta.


Selasa Kliwon, 7 Juli 2026.
Purwadi

Ayo baca konten menarik lainnya dan follow kami di Google News
Sumber
:
SHARE:
Tags
Berita Terkait
Komentar
Berita Terbaru