halomedan.com - Panggung Songgo Buwono
Pertemuan raja Mataram Surakarta bertempat di Panggung Songgo Buwono. Atas prakarsa Kanjeng Sinuwun Paku Buwono III. Narendra gung Surakarta Hadiningrat yang memerintah tahun 1749 - 1788. Piranti lelaku tapa brata memancarkan cahaya wibawa widada.
Kedatangan Kanjeng Ratu Kidul tiap hari Selasa Kliwon. Bersamaan dengan tata cara ngisis ringgit Kyai Kadung, pukul 9 pagi hingga bedhug dheng. Lantas bersambung dengan beksan Bedhaya Ketawang. Penghayatan Kejawen meyakini Kanjeng Ratu Kencana Hadisari, yang dinamakan lampor. Angin sumilir penuh aura kewibawaan. Sepanjang perjalanan sawah subur tegalan gembur.
Nguntarasana sebelah Panggung Songgo Buwono. Tempat seba para abdi dalem berpangkat bupati anom. Paningrat dan Maligi termasuk papan serambi sasana sewaka. Bersambung dengan sana para sedya. Sasana handrawina untuk perjamuan kehormatan.
Bale Marcukundha berada di timur laut. Bangsal Semarakata untuk memberi ganjaran pangkat. Bale rata berhimpitan dengan kori kamandhungan. Panggung Songgo Buwono dengan sendirinya menempati posisi strategis. Kedipan mata akan membuat renungan. Tatapan netra meengarah pada refleksi spiritual. Itulah sangkan paraning dumadi.
Bedhaya Ketawang
1. Mijil
Angumandhang dumugi wiyati,
Hari Slasa Kliwon,
Godhong angin meneng anteng kabeh,
Bedhaya Ketawang merbawani,
Mangka beksan suci,
Praja dadya makmur.
2. Asmarandanna
Jeng Ratu Kencanasari,
Tedhak Kraton Surakarta,
Ndherek mbeksa nabuh nyindhen,
Jroning sasana sewaka,
Puja puji kekidungan,
Sakeh hama musna lunga,
Tanah gersang malih subur,
Daya Bedhaya Ketawang.
3. Pangkur
Abdi dalem ngalap berkah,
Lenggah sila mireng suwara langit,
Mbrengengeng pujaning kidung,
Gamelan lokananta,
Ganda arum uba rempe angerurum,
Kondhang Bedhaya Ketawang,
Bangsal paningrat maligi.
4. Kinanthi
Pangastuti saking panggung,
Sangga Buwana mas ing ngasepi,
Sinuwun manungku kayun,
Pepoyan kautaman,
Inggil agung misungsung padesan gunung,
Tumuruning karaharjan,
Panguripan wong sakbumi.
5. Megatruh
Unggul pinunjul Ratu Segara Kidul,
Ngereh dhasar jalanidhi,
Kaswasih raja Matarum,
Pinuju Anggara Kasih,
Rinengga jroning kedhaton.
6. Durma
Panembahan Senapati Ngeksiganda,
Narendra gung Mentawis,
Sakti mandraguna,
Bestari wicaksana,
Walas asik kawula dasih,
Beksan Bedhaya,
Pralampita inganggit.
7. Pucung
Saka Dhomas Bale Kencana pinatut,
Ing dhasar samudra,
Dhatulaya Hadisari,
Sung prebawa narendra gung Surakarta.
8. Gambuh
Uger muncul thukul,
Tandur subur rumambat sempulur,
Ambawani Bedhaya Ketawang yekti,
Gedruk sampar seblak sampur,
Kanugrahan sru gumrojog.
9. Mas Kumambang
Wiwit enjing peksi ngoceh weh pepeling,
Sasmita ajar kawedhar,
Bedhaya Ketawang mardi,
Pangreksaning tanah Jawa.
10. Sinom
Wanci siyang katon padhang,
Sawo kecik sarwa becik,
Jajar jajar trang sumunar,
Dodot sanggul sampur kuning,
Abdi dalem makarti,
Kenong kempul mangungkung,
Kendhang kethuk kemanak,
Cakepan pesindhen aris,
Wicara wiraga wirama wirasa.
11. Dhandhanggula
Mandhegani Ratu Wandhansari,
Waranggana wiyaga Bedhaya,
Solah gendhing bawa sae,
Tabuhan sengkut urut,
Sekar wangi warna sesaji,
Rasamala angganda,
Gaharu ingambu,
Cipta waskitha sembada,
Mahanani awas emut lenging kapti,
Karaton Surakarta.
Nama Panggung Songgo Buwono merupakan unsur tontonan dan tuntunan. Sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa, sembah rasa. Puncak rasa jati, sari rasa jati, sarira sajati, manunggaling kawula gusti.
Jawa jiwa kang kajawi. Perlunya membaca rentang peradaban. Guna membaca perubahan masa depan yang lebih gemilang. Matahari terbit dari timur. Marbabak bang sumirat.
Selasa Kliwon, 7 Juli 2026.
Purwadi