Daya Linuwih Tanah Pengging
1. Pangkur
Sri Makurung
Dayaningrat,
Putra mantu narendra Majapahit,
Kanjeng Ratu Sri Pembayun,
Atmaja Brawijaya,
Trah ngaluhur nyata Bupati misuwur,
Dhasar brayat kalokeng rat,
Ngarang ngiring bumi Pengging.
2. Kinanthi
Kusuma Wicitra Prabu,
Jaya Aminata aji,
Turune nata Jenggala,
Jaya Purusa narpati,
Wusnya mangun palakrama,
Sesanti Daha Kediri.
3. Asmarandana
Citra Kusuma ing Pengging,
Winisuda kanarendran,
Angling Kusuma trus gedhe,
Nuli Prabu Angling Darma,
Lajeng Prabu Angling Driya,
Handayaningrat Makurung,
Bebet bibit tanah Jawa.
4. Mijil
Sri Ratu Pembayun kadang alit,
Bathara Akatong,
Adipati Ponorogo kiye,
Nggulawenthah bakti raja putri,
Nami Sri Windari,
Warna ayem ayu.
5. Gambuh
Sri Windari bangun turut,
Atut runtut urut sarwa patut,
Garwa Kebo Kenanga wus murakabi,
Handayaningrat Pembayun,
Jakarta Tingkir sigra miyos.
6. Pucung
Amiluhur Kebo Kanigara mancur,
Kasultanan Pajang,
Pakar pikir Jaka Tingkir,
Gya ngumbara
Momong turasing narendra.
7. Durma
Demak Pajang Kartasura Surakarta,
Sambungan darah Pengging,
Panjalu Jenggala,
Medang lan Kahuripan,
Singosari lan Majapahit,
Bajanegara,
Praja Malawapati.
8. Mas Kumambang
Tatas titis papan pujangga winasis,
Ki Ageng Yasadipura,
Ranggawarsita winarni,
Tanah Pengging sung pepeling.
9. Megatruh
Serat Rama Dewaruci Sanasunu,
Wulangreh Panji Centhini,
Warni warni sumber kawruh,
Wulang wuruk becik apik,
Garapan Pengging rinaos.
10. Sinom
Bening balumbang patirtan,
Gumricik ilining warih,
Mubal umbul Pengging Cakra,
Ngocori tegalan sabin,
Ngarah arih kapurih,
Gunung Merapi Merbabu,
Pamuji kapitayan,
Srana mahas ing ngasepi,
Suka bagya tanah Jawa tata harja.
11. Dhandhanggula
Tapa brata sarta mesu budi,
Ngupakara wejangan wedharan,
Ing Pengging kang wus sumare,
Kungkum wancine dalu,
Mawas dhiri cipta pribadi,
Ngalap trahing kusuma,
Rumembesing madu,
Kuat drajat pangkat semat,
Gya pinanggih bandha bandhu sugih luwih,
Pengging paring perbawa.
Setu Paing, 4 Juli 2026.
Purwadi